Sari wiwit mau nyawang handphone, dheweke ngenteni SMS saka Mas Embek, kakak kelas saka XI
IA5. Sari kuwi salah sijine siswa anyar ing sekolah SMA Negeri 4 Surabaya. Ing
dina Jemuwah kira-kira bulan September taun 2010, Sari ing ngarep kelas IS 2 manggon
lantai ngisor ngenteni balesan Mas Embek sing janjine ngejak dheweke melu
materi Kepecinta Alaman. Sari nalika siswa anyar sing wajib melu kagiyatan
ekstra ing sekolah, bocah wadon nanging tomboy kuwi wis nyoba melu kagiyatan
ekstra nari lan kor nanging ora trep karo kepengine uga sipate, senajan wiwit
SMP dheweke melu kagiyatan nari uga kor nanging dheweke luwih remen dolan nang
njaba luwih lan milih melu Pecinta Alam.
Kira-kira 10
menit dheweke ngenteni nang njaba, Mas Embek kon dheweke melbu kelas ae, karo
kancane sing jenenge Dian. Nanging kancane Dian kuwi durung teka, lha kuwi sing
ndadekake Sari bingung. Banjur mbatin “Dian ki nang endi? Aku apa ngenteni nganti
elek ing kene ya padha ae telat, daripada ngenteni nang kene wis tak melbu ae
ben Dian nyusul melbu mengko”. Jebule Sari melbu dhisikan, merga dheweke wis
telat. Ing kelas ana mas uga mbak senior sing wis dadi anggota nanging lelungguhan
ing mburi. Uga ana pemimpin materi namine Mas Mbah, salah sijine senior
organisasi PA kuwi wong sing nganti saiki sik dadi kanca, ora kanca maneh wis
kaya dulure Sari. Dheweke, sing lagi wenehi materi babagan biouvac yaiku materi
kang ngrembag papan panggone ngaso sing asipat emergency. Banjur dilanjut materi praktek ing mburi sekolah mengko
rada awan.
Sari ing kelas kuwi langsung dikon tetepangan ing
ngarep kelas yen dheweke anggota anyar “Perkenalkan,
namaku Sari dari X8, ingin bergabung menjadi calon anggota BRIPETA(Brigade
Pecinta Alam) karena aku sangat suka dengan sesuatu tentang petualangan”.
Banjur tetepangan
kuwi Sari lungguh nang sebelah Nia, kanca cedhek nganti saiki, bocah
sing seneng banget guyon uga grapyak. Anggene materi mlaku lancar uga tertib,
para calon ya akeh sing menehi pitakonan marang pemateri.
Buyare materi kuwi dilanjut praktek ing mburi
sekolahan sing manggon nang SMPN 29 merga SMAN 4 sing kalebu SMA favorit
Surabaya kuwi ora nduwe lapangan, sejatine ya ora pantes nanging panggon sing
ora cukup kuwi dadi alasan geneya kok ora duwe lapangan. Wis nang lapangan,
Sari iki lagi eleng kancane Dian kuwi kok ora ndang
muncul banjur mbatin maneh “Lha Dian iki nangdi? Kok kaet mau ora muncul, lha
sing calon anggota anyar mung aku tok iki??”. Ora selang duwi kok Dian muncul
marani Sari banjur takon “Lo Sar iki apa wis praktek? Aku mau kok mbok tinggal
kuwi piye?”
Sari mangsuli
lan menehi pangajak “Ya wis ta, awakmu nangdi ae kaet mau? Dak enteni 10menitan
awakmu kok ora muncul ya dak tinggal mlebu Yan, ayo wis melu ae prakteke, tak
takokna Mas Mbah ya?”.
Dian langsung ngomong karo ngguya-ngguyu “Ora usah,
isin aku, tak nyawang saka kene ae penting kan ngerti kuwi lapo ae hhehehe“.
Banjur Sari mangsuli karo melas “Lha iki mengko
nasibku piye Yan? Aku dhewean lho sing dadi calon anyar??”
“Ora dhewean, aku nyusul sesuk yen ana materi maneh
Sar, iki mau sungkan aku ora melu materi kok mara-mara aku melu praktek kok
sajakke ora pantes ngunu, aja nangis ta?” Wangsulane Dian karo ngrayu Sari.
Sari banjur ngomong “Yawis aku tak melu praktek
dhisik, ora penak yen telat kaya mau, dhisik ya? Aja ngalih lho ya, awakmu
nyawanga saka kene ae”
“Oke Sar
santai ae hehe” Wangsulane Dian nyanggupi.
Ing lapangan Sari wis isa cedhak karo kanca-kanca
anyare uga karo mas mbak senior, merga Sari bocah sing grapyak lan seneng
banget gegojegan. Meskpiun Sari lagi kapisan kuwi melu kagiyatan sing kalebu
kagiyatan outdoor. Ing praktek
biouvac kuwi diajarna babagan simpul sing kudu dimangerteni yaiku simpul
pangkal uga jangkar. Banjur carane gawe lan masang pasak, pasak isa saka pring
utawa wesi. Yen wis dipasang biouvac kudu gawe parit utawa saluran gawe liwatte
banyu. Nang kana kudu mangerteni arah angin uga golek panggon ngadegna biouvac.
Kahanan praktek pas kuwi seneng banget tur rame merga bocah-bocah padha
semangat.
Kira-kira 1 jam luwih praktek banjur bocah-bocah lan
mas mbak senior ngumpul ing kanthin sekolah. Ing kanthin kuwi Dian marani Sari
maneh.
“Sar, piye praktekke? Asik apa ora?” pitakonne Dian
penasaran.
Sari mangsuli “Wah eman banget awakmu ora melu, asik
banget toh, adventure banget pokoke
haha”
“Wah eman banget ya? Eh ana kakak kelas sing bagus
apa ora?hehehehe” ndilalah Dian malah takon kakak kelas.
Langsung Sari mangsuli “Ora ana sing bening hehe,
biasa wae mas-mase Yan, ora ana sing tak sir”
Banjur Dian kandha karo bisik-bisik “Apa ora kliwat
awakmu, mas sing gawe klambi kuning sawangen lak manis, tapi mau aku nyawang
kok mas e wis manthuk Sar”
“Sing nggenah awakmu? Wah luput aku, yawis sesuk tak
golekki sing endi Mas Klambi kuning kuwi!” walese Sari marang Dian.
Kumpul ing kanthin wis rampung banjur Sari manthuk.
Langsung dheweke SMS Embek,munine kaya ngene “Mas Mbek mau apa ana kakak kelas
sing gawe klambi kuning?”.
Ora suwi selang 3 menit HPne Sari geter, ana SMS
melbu saka Mas Embek munine “Oalah, ketum ta Sar, nyapo hayoooo?”.
Karo
ngguya-ngguyu Sari bales “Ora Mas kancaku lho sing takon, ketum kuwi apa Mas?”.
Ora suwi dibales maneh.
“Haha tenan ye?ketum kuwi Ketua Umum, sing mimpin
BRIPETA periode saiki Sar, jenenge kuwi Adit, sesuk kan enek latihan, tak kei
weruh sing endi bocahe”
Sari ngguyu karo mbatin penasaran “Oalah inggih mas suwun ya”
Sesuke Sari teka ing Taman Prestasi arep latihan
fisik kanggo munggah gunung. Banjur ketemu karo Nia langsung disapa “He Nia
dhek kapan awakmu teka? Aku telat berarti iki ya hehe”
“Ora kok, lagi ae aku teka, iki awakmu kapisan melu
latihan ya?” pitakonne Nia marang Sari. Ora selang suwi , enek Mas senior teka,
pawakane gedhe dhuwur, pakulitanne sawo mateng, uga pas liwat kuwi ambune wangi
tur seger banget, pokokke manis banget miturut panyawanganne Sari. Banjur Sari
bisik-bisik pitakon marang Nia “Mas kuwi jenenge sapa Nia?kok keren banget!”.
“Seneng ya? Kuwi jenenge Mas Adit, akeh sing ngesir
Mas kuwi loh Sar hehe, ancen manis tur cool
banget” wangsulanne Nia karo mesam-mesem.
Banjur Sari mbatin karo mesam-mesem ora jelas “Wah
yo tenan aku wingi kuwi luput apesku kok ora katon Mas manis banget kaya ngono,
oalah Mas Klambi Kuning sampeyan gawe klambi werna apa ae tetep katon manis”.
Sawise kuwi Sari seneng banget yen nyawang Mas klambi kuning uga mendem rasa
sing luwih saka seneng.
-Cuthel-
Dening : Putri Novita Sari
Ini adalah salah satu tugas saat semester 4, untuk membuat cerita pendek (cerkak). Dan semua yang ada disana nama beberapa tokoh yang merupakan nama fiksi. Tapi semua kisah dan settingnya dalah nyata :) belongs to AK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar