Paraga
1. Kadospundi kahanan pangrawit wiwit
jaman siyen ngantos wekdal sapunika wonten GKJW Surabaya miturut pamanggih panjenengan?
2.
Miturut
pamanggih panjenengan ingkang damel pangrawit taksih kersa nyengkuyung Seni
Karawitan wonten GKJW menika kenging menapa?
3.
Pengrawit
ing sedaya GKJW mayoritas sampun sepuh tinimbang ingkang enem, miturut
pamanggih panjenengan kadospundi caranipun wonten regenerasi enggal kangge
pengrawit?
4.
Miturut
panjenengan kadospundi kahanan ing dinten ngajeng menawi Seni Karawitan ing
GKJW saya dangu pangrawitipun saya sekedhik?
Masyarakat
1. Kadospundi kawigatosipun pangabekti
dhumateng seni karawitan wonten GKJW sapunika? Remen menapa boten? Ingkang
remen menika pangabekti kadospundi?
2.
Menapa
kedah tiyang sepuh ingkang remen kaliyan Karawitan GKJW, menapa taksih wonten pangabekti
ingkang enem remen dhumateng karawitan?miturut panjenegan kadospundi?
3.
Miturut
pamanggih panjenengan wonten menapa Band Jazz, Pop lsp menika taksih diremeni
kaliyan pamudha ing GKJW tinimbang Seni
Karawitan ?
4.
Kadospundi
caranipun Seni Karawitan menika tansah dipunuri-uri kaliyan pangabekti miturut
panjenengan?
Panjinggleng
1. Menapa wonten ingkang sampun nindakake paneliten babagan
Seni Karawitan ing GKJW Surabaya?
2. Kadospundi pamanggih panjenengan
kawontenanipun panjinggleng menika saged mrabawani pangrembakanipun Seni
Karawitan ing GKJW Surabaya ?
3. Kadospundi panyekuyungipun paneliten
dhumateng pangrembakanipun Seni Karawitan ing GKJW?
4. Miturut panjenengan menapa kathah
ingkang saged dipendhet saking kagunan marang paneliten kasebut?
Medhia
1. Miturut panjenengan, sarana kadospundi
ingkang saged mbiyantu pangrembakanipun Seni Karawitan ing GKJW ?
2. Sarana kangge ngrembaka Seni Karawitan menika ingkang paling
penting SDM ingkang dados guru? Gurunipun kedah kadospundi?
3. Miturut panjenengan, menapa
mboten wonten ide menapa kreatifitas sesanesipun babagan sarana damel ngrembaka
Seni Karawitan ing GKJW?
4. Miturut pamanggih panjengan Seni
Karawitan ing GKJW saya cures menapa saya ngrembaka?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar